Tugas Basa Jawa ndamel Cerkak

Intan Kumalasari
XI IPA 3 / 18
Pituwase Wong Seneng Ngapusi
Selo, bocah kelas loro sing kerep nyandhang juara umum ning SMP sakcedhake. Umure lagi ngancik pat belas taun. Dheweke kuwi putrane Pak Sapta, priyayi sing kondhang sugih, becik atine, lan wicaksana. Mula apa wae sing dikarepake bakal keturutan. Dhasare yo putra semata wayang, tur pancen diuja.
Sejatine Selo iku bocah sing pinter. Ananging kapinterane mau sok kanggo minteri lan ngapusi wong tuwane. Kuwi saploke cedhak karo bocah sing telung taun ra munggah – munggah amarga saking ra keno ditata, yaiku Tanto. Sakdurunge cedhak karo Tanto, bocah kui pancen menengan, ora seneng mbolos, bakti marang wong tua, lan ora wani neko – neko. Ananging amarga sipate kuwi, Selo kerep dikarapi banci karo kanca – kanca sakbarakane. Ning yo piye meneh bocah kuwi pancen ra kuat iman. Ra tahan godaan. Paribasan sumbu kompor disulut mak byar. E malah pethuk Tanto, lak yo ndadi.
*-*
Pinuju wayah sore Pak Sapta lenggahan ana ngarepan, putrane wis dandan mlithit kaya Justin Bieber mlebu metu kamare karo nyangklong tas isi buku. Ngerti bapakne lenggahan ijen ana ngarepan, Selo banjur gage nyedhak karo alon matur :
“ Pak, tigere kula bekta sekedap nggih!”
“Arek menyang ngendi ?”, pandangune bapakne karo nyawangi.
“ Anu.... ajeng ten Kaliajir nggene Fitri Pak, belajar kelompok kangge ngadhepi ulangan fisikane Pak Marna.”
“ Apa ya yah mene arek mangkat ? Rak yo cedhak to mung ning Kaliajir wae, opo mengko bar surup rak yo isoh tha?”
“ Kalih ajeng nyambut buku ten Piyungan Pak, nggene Rina. Lha Bapak niku disuwuni dhuwit ngge tumbas buku dereng sido – sido diparingi!”
“ Pira ta regane buku sing mbok karepke kui?”
“ Ah mirah kok Pak, namung satus sewidak ewu. Kantun kula lho Pak sing dereng gadah. Mengkeh kula didukani Pak Pratomo malih.”
“ Gludak ! Semono kathik kandamu murah, apa dikira gampang po golek duwit semono kuwi? Abrak buku we kok nganti semono regane.“
“ La judule men RSBI Pak, bukune nggih isinipun bilingual. Gek kandele jian mboten nguati niku Pak.”
Ning yo apa buku kaya ngono arek tak waca? Yo wis sesuk tukua ndak wenehi dhuwit, nek nyilih terus ndak ngganggu leh mu sinau.”
 “ Artane sakniki mawon Pak! Ngenjing Bapak mindhak kesupen!”
“ Ambumu Le, nek disaguhi ki mesthi banjur nggujeg tanpa bisa disemayani. Mbok yen dikon nyambut gawe kae yo koyo ngono kuwi, gage dilakoni, dadi wong tuwa lega.” Bubar kandha ngono,  Pak Sapta banjur menyat mlebu kamar, baline metu wis nggowo duwit rongatusewunan kaulungake marang Selo karo kandha :
“ Sing ngati – ati lho Le, balimu aja wengi -  wengi !” Sing diweling ora mangsuli.
Selo saktemene ora lunga belajar kelompok, ning wiwit ngaso ana sekolahan mau wis kansen karo Tanto yen arek nonton filme wong dewasa tujuh belas tahun keatas  ning bioskop Selikur.  Ora suwe Selo katon teka ngampiri. Sakwise mateni mesin motore, Selo banjur takon :
“ Piye To nek aku ngko ditolak ra entuk mlebu ?”
“ Ra mungkin Sel angger penampilanmu kaya cah gedhe. Jaketmu benikna sing rapet, aja lali rokok disumet sanajan kowe durung doyan. Karo maneh mlebune mbarengi yen wong pinuju suk – sukan kae dadi ra ketara.”
“ Yo wis ayo ! Wis setengah pitu pitu je, mengko ndak telat. Wis pamit ro bapak ibumu rung kowe ?”
“ Bapak ibuku lagi njagong kok Sel”
Bocah loro kui mau banjur budhal boncengan. Kabeh rancangan seko ngomah dadi, sidane Selo bisa kasil nonton merga teorine Tanto. Ora lali mulihe mampir jajan nganggo duwit sing diwenehi Pak Sapta mau. Gandheng iseh ana rasa wedhi karo bapak ibune, mula sakbubare ngeterke Tanto, Selo terus mulih. Tekan ngomah wis setengah sepuluh. Bapakne wis sare, ning ibune iseh nunggu mulihe Selo karo nonton sinetron ‘Cinta Fitri’. Krungu anake bali banjur gage mbukak lawang karo takon:
“ Kok nganti yah mene ta Nduk ? Iki wis bengi lho!”
“ Ah Ibu iki kok ‘nduk’ ta? Nek sinau niku momong kanca Bu. Nek kancane dereng ngajak leren rak nggih isin ta ajeng ndhisiki mulih.”
“ Ibu ki mung takon kok Le, karang ora ngerti. Wong Ibu ki mbiyen yen sinau yo mung ning ngomah, ora ndhadhak nganggo kelompok – kelompokan barang kaya jaman saiki! Yo wis kono ndang wijik njur maem, mengko gek ndang ngaso ndhak sesok kerinan. Kowe rak ya sekolah kaya adate ta ?”
“ Enggih! Kula ten nggone Latifah wau empun disuguh maem kok Bu, ajeng tilem mawon.”
“ Leh mu pamit ro bapakmu mau ki ninggone Latifah opo Fitri ? Yowis kono geg ndang mapan! Ibu yo wis ngantuk.”
Selo banjur mlebu kamar mapan turu ra nggagas ibune saking abote sirahe. Sanajan mripate direm – remake Selo tetep rung isoh turu, kebayang – bayang adegan panas sing kudune mung kanggo utawa ditonton wong dewasa. Mbuh jam pira Selo suwe – suwe angler.
*-*
Embuh piye critane Selo ndang munggah kelas telu. Sanajan umure lagi limalas taun ananging lagak lagune wis kaya wong dewasa. Apa maneh sing jenenge udut, saiki Selo wis biasa. Ora wedi lan jiguh pakewuh ning ngarepe sapa wae, kajaba bapakne. Ning ngarepe bapakne Selo ra wani kutis. Beda yen karo ibune, nek njaluk duwit sakjek saknyet werna – werna alesane. Endi sing nggo tuku buku, tarikan nggo tuku alat – alat olahraga, mbayar olehe latian bela dhiri, pokoke opo wae dinggo alesan.
Saiki kancane ubyang – ubyung ora mung winates kanca sekolah kayata Tanto, nanging wis amba tekan cah – cah ra nggenah. Akeh kanca raket saka liya desa, sing sejatine ora babag umur – umurane. Ning gandheng Selo yo wis rumaket arek piye meneh.
Saya suwe Selo saya ra kena ditata, ndina – ndina anane yo mung turu. Malah yen pamite sekolah, lungane ora liyo mung thethek ning pinggir ndalan karo mabuk – mabukan, malah saiki wis wani ngepil, ngebut – ngebutan, kerengan karo bocah liya sekolah, mbuh jan polahe kaya setan kesurupan.
Selo saiki  ora mung wani ngebut nganggo kendaraan rodha loro, ning rodha papat uga wis trampil. Kadhang yen wektu lingsir wengi dheweke balapan motor ning ndalan gedhe karo kanca anyare sing ditemoni pas ngamen ning proliman. Njut kaya ngapa wong sing padha weruh lan ngepasi liwat? E muga – muga cah kaya ngono kui nabrak cagak telpun apa njungkel ning Kali Opak sing lagi banjir, mesthi ngono kuwi pamujine.
Malem minggu pas wayah sore Selo sak kanca – kancane nongkrong ning ndalan, Dede kancane sing ra pati nggenah kandha ngene :
“ Sel, Bapakmu tuku colt anyar tha? Kae lho sing sok dinggo Anggit anake Pakdhemu.”
“ Kae nggone Pakdheku kok De, dititipke ning nggonaku amarga Pakdheku arek lunga ning Jakarta methuki mbakyune Mas Anggit,  Mbak Erna sing arek diwisuda. Mas Anggit sing nginep nggonaku amarga ora ana kanca jagongan ning ngomahe nganggo kui mung nggo jaga yen arek lunga – lunga. Lha ngapa tha?”
“ Ya rapopo mung takon. Mesthi lak yo isih alus tho?”
“ Ya mesthi to De, genah lagi rong sasi ngono kok.”
“ Wah, mbok njajal Sel dinggo ngompreng, tak sopiri wis.”
“ Ngompreng ? Anake wong sugih kok nganti ngompreng.”
“ Apa ya kowe bakal ngathung karo Bapakmu tekan saklawase? Sesok ampirana aku, Bayu, ro Dio nganggo colt sisan. Percaya a ro aku wis ra bakal gelo.”
“ Yo wis lah, masalah colt gampang. Tak mulih sik ndak silak diarep – arep Bapakku, remuk aku ngko.”
“ Ora sembodo leh mu ndugal Sel Sel, ro Bapakne we iseh wedi.”
Selo banjur mulih. Tekan ngomah bapakne wis methentheng ning teras. Mbuh langsung dikapakke bocah kui.
*-*
Esuk bithuk - bithuk Selo wis dandan mlipit nganggo kaos sing ngarepe gambar endas buto, jarene lagi ngetrend jaman saiki karo nekani ibune sing arek tindak ning Puskesmas amarga wis dienteni pasiene. Kaya adate Pak Sapta wis mangkat nyambut gawe seka bar subuh.
“ Bu, Bapak mengkeh ajeng tindak mboten ?”
“ Bapakmu yo nyambut gawe tho Le. Lha ngapa tha ?”
“ Anuu,, niki Bu, kula ajeng nggarap tugas kelompok drama Bahasa Inggris ten nggene Upik. Nanging butuh kendaraan sing amot kangge nyeleh proprety saking omahe Galih. Lak nggih jarake lumayan adoh Bu. Colte Pakdhe kula bekta sekedap nggih?
“ Alah kok le nggaya men tho Le ? Mbok kon ngeterke Mas Anggit  kana !”
“ Alah Bu, kok le rewel. Kaya aku lagi ajar nyetir wae!”,
“ Yo kana gawanen! Ning sing ngati – ati, yen ono palang ojo ditabrak, yen bangjone abang mandheg. STNK sak kuncine njaluka Mas Anggit kono, lho lagi mancing ning Tlogo Banyu!”, Sela langsung menyat lunga.
Kira – kira jam sepuluh Selo wis tekan omahe Dede.  Bayu lungguh ana ana kursi teras karo udud. Selo banjur mateni mesine lan nekani Bayu lan Dede. Saiki gari ngenteni Dio nyambi remi.
Bandhang wis sakjam ngenteni, Dio teka karo nggawa koper gedhe lawas sing njerone wis ora kalap. Kaleng bekas, koran, kertas lungset kabeh mlebu ning njero koper. Selo gumun banget nyawang iku kabeh, ning arek takon sungkan.
Bocah papat kui banjur lunga ana terminal. Dede nyopir, Bayu kernet, Dio lungguh ning mburi, Selo ning ngarep jejer Dede. Ananging sakdurunge tekan terminal Dio mudhun karo nggawa kopere mau. Sakwise tekan terminal Bayu mudhun, banjur golek penumpang kaya kernet liyane. Mrana – mrene bangak – bengok karo pethitha – pethithi ditutake Selo sing rangerti apa - apa.
“ Yogya – Magelang, Yogya – Magelang sudah mau berangkat ! Mari Pak, Bu, Yogya – Magelang !”, gayane Bayu kaya wis wasis. Dede ngadeg  karo udu nglecis ning sandhing colt ngumbar mripat golek mangsan.
Ning mbok menawa pancen lagi apes. Atase wis meh jam lima kok tanpa oleh penumpang. Pangarep – arep wis tipis, Selo wis kudu ngejak mulih wae. Lagi arek bali, ndadak seka  kadohan Bayu weruh wong wadon tuwa nggawa koper sajak kabotan. Bayu gage mlayu nyedhaki karo takon :
“ Ajeng tindak pundi Bu ?”
“ Ajeng manthuk ten Papringan, saking mendhet mori ten nggene adhi kula.”, Wangsulane wong wadon mau.
“ Keleresan colt kula liwat mriku, mangkeh kula ampirke. Kula mesakke njenengan sampun sepuh, kamangka niki sampun surup.” Wong tuwa kuwi mikir sedhela terus kandha:
“ Nggih kula manut, ning tulung nggih Nak!” Wong tuwa mau banjur ngetut lakune Bayu, bareng arek munggah colt Bayu kandha:
“ Bu, kopere sukakake ngajeng mawon mangkeh nek mandhap kula tulungi!”, karo ngrayah barang sing dimaksud banjur diulungakke marang Dede. Pas mesin diurupake mak jegagik Dio njedul karo nggowo koper ethok – ethok dadi penumpang karo ngomong :
“ Iki Mas koperku deleh ngarep wae!”, kaya – kaya lagak wong rung kenal.  Let sedhela colt mlaku. Tekan Pasar Kalasan Dede weruh gadhis mlaku sajak ana sing digoleki. Gawanane tas cangklong, banjur diparani :
“ Ten pundi Mbak ?” Pitakone Dede.
“ Ten Kronggahan!” Gadhis mau nyauri karo arek mlebu colt.
Ning njero wis kebak penumpang. Mula Dio langsung mudhun karo nggawa koper, terus ngekeki ewon loro marang Bayu. Lagi wae gadhis mau manyuk, Bayu gage nyandhak tase :
“ Mbak, tase sukakake ngajeng mawon!”
“ Mboten sah! Kula saged mangku tas kula!”, Kandha ngono karo nyekethem tase.
“ Ah, Mbake ki ! Pundi mengko kancane ndhak meri!”, Tanpa ngenteni wangsulan, Bayu wis bisa ngrebut tase wong wadhon mau terus diuncalake ning sopiran. Selo mung ngewaske.
“ Koper kula nggih disukakake ngajeng kok Nak !”, kandhane wadon tuwa ning sandinge. Ora suwe colt mangkat. Bareng wis tekan Papringan Dede mbengok :
“ Bu, niki pun dugi Papringan gek ndang mudun!”
Krungu dielingake, wong tuwa mau banjur mudhun, “ Pundhi gawan kula?”
Bayu gage ngulungake koper semu diuncalke. Ngerti dudu kopere, wong wadon mau mbengok setengah kandha :
“ Niki dede koper kula Nak !”
“ Wontene niku Bu, yen Dede niku sing nyupir!”
Colt  langsung mbandhang bablas. Seka kadohan wong tuwa mau gulung koming karo ngawe – awe akon mandheg, nanging ora digrubis colt terus mbandhang. Jebul kopere wong  wadon tuwa mau wis digawa Dio pas mudhun ning Pasar Kalasan. Selo mung meneng karo sajak mikir ngono kuwi tha anggone kanca – kancane golek duwit.
Bareng wis meh tekan Kronggahan, Dede ngulungi tas marang Selo. Sing diulungi yo mung manut karo nampani. Wong wadhon sing iseh lungguh anteng ning colt mau sajake ngerti yen sing diulungke kui mesthi tase, lan sing diulungi mesthi ana sambung rapete karo sopir. Ning wong wadon kui mung meneng ethok – ethok ra ngerti. Banjur colt  mandheg, Selo sing nampa kode saka Dede banjur mudhun mbuh ning daerah ngendi dheweke clula – clulu dewe. Colt mlaku meneh.
“ Mandhap pundi Mbak?”, takone Bayu.
“ Pretelon wetan Kantor Polisi.”
“ Wah kok ndadak ngidul Mbak ?”
“ Sampeyan wau lak pun janji saguh tha?”
“ Lha pun peteng Mbak, mandheg ngriki mawon nggih?”
“ Nggih empun lah Mas, pundi tas kula?”, Bayu ethok – ethok ribut nggoleki tas ning kiwa tengene karo kandha :
“ Apa Mbake mau nggawa tas tha De ?”
“ Kayane ora ki po Bay. Nyatane kene raono tas kok!” , Dede nyauri.
“ Pokoke aku emoh mudhun yen tasku ra bali! Lan kowe bakal ngerti akibate!”
Krungu ngono atine Bayu wis kethar – kethir. Dheweke banjur mudhun bareng wong wadon mau reka – reka rembugan ben wong wadon kui percaya lan lunga. Ngerti kancane diancem penumpang, Dede nekat mbandhangke colt, gas digedeni, Bayu ditinggal lunga.
Bab udreg – udregan marang penumpang wis beres, Dede mulih karo methuk Selo sing isih mecenguk ning papan sing didoni mau tanpa ana rasa bersalah marang liya.
“ Lha Bayu tok tinggal ngendi ?”, pitakone Selo.
“ Wis rasah dipikir! Ayo gek mulih! Gek ndhang didum olehe mau.”
Rung sido menyak, ning mburine ono suara pistul thor... thor... thor... ngenengi kaca spione nganti pecah.
“ Yen ra gelem pistul iki nyasar ning sirahmu, ayo bali lan mandheg ning Kantor Polisi kuwi !”, prentahe wong sing nggowo pistol.
Raine bocah – bocah mau langsung pucet kaya mayit karang keweden, kringet adhem metu byuk – byukan, ambegane krasa sesek. Gelem ora gelem Dede  ngenggokake colte tumuju Kantor Polisi sing dimaksud. Ra ngenteni sue colt langsung dikepung.
Jebule wong sing nggowo pistul kui mau wong wadon sing numpangi colt lan eyel – eyelan karo Bayu sing saiki wis lungguh anteng ning njero Kantor. Pak Dansek semono uga metu. Wong wadon mau banjur kurmat, Pak Dansek ndangu :
Serda Nuri, bagaimana tugasmu mencari jejak perampokan itu?”
“ Berhasil Pak, dan waktu saya pulang diajak main – main sama pemuda – pemuda itu. Tapi ada satu dari mereka yang berhasil lolos dengan membawa koper milik seorang ibu tua di depan Pasar Kalasan.”
“ Baik ! Terima kasih Serda, tugasmu sudah selesai! Serda Rutsa dan Serda Fachry, temani sopir itu untuk mencari pelaku lain dan mengambil tas Serda Nuri !”
“ Siap laksanakan!”
“ Sekarang dimana para perampok itu?”
“ Ada dua masih di colt, dan yang satu bertindak sebagai kernet sudah di dalam Pak!”
Pak Dansek banjur nekani Bayu sajak ngintrogasi, Selo diseret seko colt arek dilebokake ning sel marang polisi. Pak Dansek mengo,  weruh colt lan bocah sing diseret mau Pak Dansek kaget amarga sing ning ngarepe saiki ora liya ya anake dewe.
Selo!”
Selo kaget semu isin. Dheweke langsung sujud ning ngarepe bapakne karo nangis sesenggukan njaluk ngapura. Selo ngrasa getun anggone ngapusi wong sing nresnani kanthi tulus marang awake. Saiki dheweke mung iso ngundhuh pituwase anggone seneng ngapusi.
*TAMAT*

Pengakuan:
Bismillah....
Ini adalah tugas akhir mata pelajaran bahasa jawa ketika saya SMA, saya mendapatkan inspirasi penulisan cerkak ini dari berbagai sumber. Saya lupa menyantumkan sumbernya, dan saya pun lupa alamat sumbernya. Mohon maaf sebesar-besarnya. Saya tidak bermaksud plagiat, semoga yang mengispirasi mendapatkan kebaikan dan ridha terhadap tulisan ini. Sekian.

Komentar

Postingan Populer